Minggu, 06 Maret 2011

Guyon Gus No Wayang Ndugal Dalam Lakon :Ora Gableg Duit Togog Nekat Nyalon "Bupati

Wayah esuk nang deso Karangdempel geger,ana woro-woro yen Togog,buto sing rupane mirip kethek arep nyalon bupati.Lagake kaya wong sugih,gemede karo lambene ndobleh.
Togog sing suwene 7 tahun ana luar daerah ndadak ora srantan petantang petentheng bali deso arep melu rayahan nyalon wong nomer siji nang kraton Pegel Kalong.

Ana warunge yu Limbuk sing dodoli wedang kopi lan jajan pasar uga rame ngrasani buto gragas kuwi.
Gareng sing nembe tangi turu langsung melu sek-sekan ana dingklik dawa karo mangan jajan Rondo Kemul terus mbukak sak baju kokone.Sajake Gareng arep melu kebul-kebul cocote,amarga mbako sing wis dicepakake bojone disaut wae.
"Apa bener to kang Gareng,Togo melu nayalon bupati ana kabupaten ?"pitakone yu Limbuk karo ngunjukake jarike sing ndlewer ana lemah.
"Togog kuwi lak buto gemblung senenge adol cocot thok,golek-golek perkara wae bocah kuwi.Sing arep milih kuwi yo sopo?"jare Gareng karo udut kebal kebul.
"Terus partaine partai apa sing arep ditumpake mengkone,"pitakone Limbuk maneh.
"Aku krungune yo partai gambar Celeng ditambah partai gambar Curut yu..."kandhane Gareng karo mucu-mucu.
"Lha iyo,wong kok polahe akeh nemen,apa ora ngrumangsani yen utange iseh akeh neng tangga teparo,yen dadi apa negarane ora arep didol to kang,"semaure Limbuk sak nemune.
Bagong mung plenggang plenggong ngrungokake wong loro pada takon takonan.
"Asal mulane pie to kang,kok Togog nekad kaya mengkono?Apa iseh duwe duit kanggo nyangoni pemilih mengko wayah coblosan,"Bagong nyrunduli takon karo Gareng.
Gareng pancen anake Rama Semar sing mbarep nanging uteke cerdas,bisa menangkap segala masalah dan bisa memecahkan masalah.
"Soal duwit mungkin yo ana bae,janjine yo muluk-muluk,nanging kowe kabeh kudu percaya yen Togog kuwi calon bupati sing dobol cocote,gembar gembore yo top markotop,nanging kabeh kuwi mung ngayawara,"jlentrehe Gareng.
"Dulur-dulure wae akeh sing ora seneng karo Togog paling-paling tim suksese yo Dursosono karo Sengkuni sing pinter dadi provokator.Mulane aja kepencut karo omongane Sengkuni lan Dursosono,"kandhane Gareng nambahi penjelasan.
Simake Limbuk yoiku yu Cangik sing nembe goreng tela melu nyaut apa sing nembe diomongake.
"Yen ora seneng karo calon bupati Togog apike yo meneng wae ora usah dirasani,wis dijarke wae ora usah dipilih.Iki lak jamane demokrasi kudu rakyat pinter milih lan waspada karo kahanan.Demokrasi itu berbeda pendapat tapi tujuannya sama yaitu ingin mensejahterakan rakyat,milih yang dikenal dan bisa mengemban amanat rakyat,"kandhane Yu Cangik kaya niroake politikus Jakarta.
"Cocote....suk..."semaure Bagong
"Muni sing banter Gong..ora usah gremengan...sing banter aku ora budeg...muni sepisan maneh,"sajake yu Cangik krungu omongane Bagong sing rada ora enak.
Yu Cangik malangkerik,jarike dilempit rada menduwur,pupune ing mulus katon ana wulune arang-arang,matane Gareng mendelik ngerti randa iseh tetp ayu.
"Matamu ngingeti apa Reng...?"Yu Cangik mripate mendeliki bocah loro.
Rama Semar kang nembe balik saka ngresiki Mushola lewat neng warungu yu Limbuk,krungu suara banter-banteran.
"Wis..wis ora usah gegeran...soal pilihan bupati kok dadi gegeran,selisih pendapat dalam demokrasi adalah hal biasa,semua adalah saudara.Perbedaan pendapat,perbedaan baju tapi tetep Bhineka Tunggal Ika.Sing arep dadi tim sukses calon bupati Togog apa calon bupati liyane yo monggo,nanging aja ngelek-elek.Semua program calon apik kabeh wong sing gawe yo wong pinter kabeh.Nanging milih bupati kudu sing tepat,atine sing sreg.Milihe bupati sing dikenal dan bisa membawa amanat rakyat.Lan sing bisa ngayomi karo wong cilik,"kandhane Rama Semar.
Yu Cangik,Limbuk,Gareng,Bagong pada salaman lan njaluk pangapura.
"Instruksi rama Semar..kula melu nyoblos angsal arto napa mboten"takone Bagong
"Husss kuwi ora kena,wis sing penting makaryo disik,mengko lak ana duwite,"jlentrehe Semar.(Nuwun)