Kamis, 07 Juli 2011

Guyon Gus No Wayang Ndugal Dalam Lakon :

Rayahan Proyek,Togog Gawa Preman

Lelang Proyek nambak Segara sing anggarane 8 dolar kanggo nambak banyu segara lagi dadi incerane para pemborong.
Mulai saka pengumuman lelang answizing nganti jukuk dokumen,wayang Togog sing rupane kaya tembelek lentung campur kunyuk melu ngincer,
Sanajan rupane ora bagus Togog pinter ngopeni bala kanca mulai saka wedangan kopi nang warung “perno”(empere cino),mendem-mendeman,sampai nyanyi nang kafe bareng karo “guru PAOT “(didugu lan ditiru Pemandu Lagu khusus Orang Tua).
Masalah saweran sak uwise nembang kabeh diurusi Togog,mulane Togog diarani bos.

Togog termasuk wong sing setiya karo bojo,rupa elek kaya kethek,nanging masalah duit blanja mesti tekan umah,nanging kadang kadang Togog seneng pijet nang warung pinggir dalan,jarene melas karo tukang pijete.

Tahun anggaran iki pemerintah kadipaten Tawangsari nganakake lelang,Togog sing rumangso duwe kepentingan akeh,melu cangcut tali wondo,proyek nambak segara kudu kecekel deweke.

Panitia lelang mulai dilobi,pengguna anggaran uga dilobi ngalor ngidul,kadang Togog nawani golekan sing iso ngentut karo geyol-geyol.

Gareng,Petruk karo Bagong sing nembe liwat ana kantor Dinas Segara Kidul mung ndomblong olehe mirsani Togog wira-wiri ngamanake proyek.Ora tanggung-tanggung Togog gawa preman sing awake gede-gede tur ana tattoo sing gambare cacing,pitik mencret,gambar kembang talon,gambar wewe wudo.

“Togog kok gaya kaya bos gedenan wae?Ngondisikan proyek sing danane gede,apa iso lan apa ora nerak aturane kraton?”takone Bagong karo lambene ngewer-ngewe amarga nembe ngiler.
“Emboh Gong,nyatane yo pemborong saka luar daerah ora iso mlebu,anane mung telung bendera sing iso nglebokake dokumen,”jawabe Gareng sing jagoan diplomasi.
“Apa Togog ora nerak aturan larangan saka pemerintah pusat,lelang kan buat umum dan harus steril saka tekanan lain?Apa ana kong kalikong apa ana KKA yo,?”takone Bagong maneh.
“KKA kuwi opo Gong?”Gareng malah takon Bagong
“KKA kuwi yo Kanan Kiri Angpo artine panitia lelang yo cocote dijejeli angpo,premane yo disangoni,lan lia-liane tetep diwenei angpo,”jletrehe Bagong.
“Munyuk kowe Gong,ngomong sak karepmu dewe,ora usah ngomong ngalor ngidul sing penting piye carane rakyat bersatu lan elemen-elemen lain menjadi pengawas dari pembangunan nambak segara.Yen ana penyimpangan laporkan kepada aparat berwajib,”kandhane Gareng.
Kang Petruk sing nembe wedangan ana warunge Yu Limbuk melu nambahi omongan.
 “Wis..ora usah padu,wong hasil saka proyek yen duwite hasile “maling”dengan cara mengurangi spek sing ana,deloken wae,mesti mlarat.Kuwi jenenge duit gendruwo digondol wewe,”jare Petruk.
“Soale pie kang Petruk,”pitakone Bagong sing uteke rada mlorot
“Para pemborong sing kakean setilah lan senengane korupsi,uripe mung seneng sesaat,duite kanggo nyawer karo biduan kafe,duwe demenan,ngombe-ngombe,diutang wong terus diapusi…tontonen wae,nanging yen pemborong sodaqog,seneng ngibadah,nggarap proyek apa anane yo mesti berkah.Wis laporke wae yen ana pemborong senengane ngapusi specifikasi,korupsi,”jlentrehe Petruk.
“Lha Togog iki pie kang Petruk ?”takone Bagong maneh.
“Togog kuwi nembe edan donya,mulane proyek cilik gede diuntal kabeh,akhire pemborong liyane yo mung cekelan bathuk,cekelan sirah…wow…kuwi pemborong celeng..pemborong asuuukkkk….,”kandahane Gareng karo rada nesu lan muring-muring nganggo istilah kewan sikil papat.
“Wis-wis ora usah pada nesu..ngamuk,diumbar wae..saiki wedangan nang warunge yu Cangik karo karaokenan,sapa ngerti pupune yu Cangik sing lus mulus iso disawer,”jare Petruk.
“Wow…iki wong lanang yo tuk mis,yen ana bathuk klimis mripate ijo…pancen tembelek singa kabeh……!!!!!”pungkase Gareng.